Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

LIRIK NADZOM FIQIH JAWA KH. NAWAWI ABDUL AZIZ

 Bismillahirrohmanirrohim
Mugi Alloh paring rohmat # Salam ing nabi pungkasan
Nuli kluargo sohabat # Lan anggota malam selasan
Agomo telu rukune # Iman islam lan ihsane
Lakonono supayane # Becik lahir lan batine

Rukune Agomo

Nem werno rukune iman # siji iman marang Alloh
Loro iman malaikat # Telu iman kitab Alloh
Papat iman poro Rosul # Limo iman dino akhir
Nenem iman marang pesten # Olo bagus saking Alloh

Rukune Islam
Limo rukunipun islam # Syahadat sholat lan siyam
Zakat haji yen kuwoso # Sarto dalane sentoso
 
Kang Aran Ihsan
Ihsan iku lakon bagus # Tepo sliro ra kementhus
Atine ikhlas lan lurus # Pangucape sarwo alus
Nyembah marang Alloh nyoto # Koyo weruh kasat moto
Ra orane kudu ngroso # Alloh iku tansah perso
Perinciane Rukun Islam (Syahadat)
Tegese syahadat kudu # Ngandel lan ngucap asyhadu
An la illaha illalloh # Muhammadur Rosululloh
Ora ono kang dak sembah # Kejobo mung gusti Alloh
Lan Muhammad bin `Abdillah # Iku utusane Alloh
 
Syarat Wajibe Sholat
Wong mukallaf iku tamtu # Wajib sholat limang wektu
Wajib mrintah anak putu # Purih sholat limang wektu
Sholat kanthi berjama`ah # Iku ganjarane tambah
Tikel pitulikur faedah # Tinimbang tanpo jama`ah
 
Syarat Sahe Sholat
Limo syarat sahe sholat # siji manjing wektu tepat
Loro kudu nutup aurot # telu kudu madep qiblat
Papat nuceni najise # Badan papan lan sandange
Lima nuceni hadase # Ingkang alit lan agenge
 
Perinciane Syarat Sahe Sholat
Ora dadi lamun sholat # Durung manjing lamun telat
Disengojo wajib taubat # Sarto Qodho' ojo nekat
‘Aurote tiyang jalere # Antara dengkul pusere
‘Aurote putri liyane # Epek-epek lan rahine
Wong kang bingung arah qiblat # Iku saben arep sholat
Wajib mikir nuli sholat # Manut mantepe i'tiqad
Najis telu pirangane # Siji kang abot hukume
Loro kang enteng hukume # Telu mejono hukume
Najis abot iya iku # Najise babi lan asu
Dikumbaho kaping pitu # Kang siji dicampur lebu
Kang enteng uyuhe lare # Alit kang rupi jalere
Kang namung pohan dhahare # Durung rong tahun umure
Carane nuceni iyo # Cukup disirati toyo
Najis kang mejono kaya # Wutahan, uyuh, tahiyo
Saceng, bathang, getih, nanah # Carane nuceni kedah
Roso lan gondone miwah # Rupine ical kekumbah
Nanging suci telu bathang # Yo iwak banyu lan walang
Sarto halal kanggo madang # Ping telune bathang tiyang
 
Babul Wudhui
Wudhu iku nem wernane # Siji niyat ing atine
Loro masuhi rahine # Ping telu basuh tangane
Karo tumeko sikute # Ping papat ngusap sirahe
Ping limo masuh sikile # Karo nem tertib lakone
 
Batale Wudhu
Batalake wudhu iro # Wenehe limang perkoro
Siji metune perkoro # Saking dalan loro iro
Nanging mani ingkang metu # Ora mbatalake wudhu
Ping pindo turune uwong # Kang tanpo netepke bokong
Telu ilang pikirane # Sebab mendhem lan larane
Papat gepok senggolane # Wong lanang serto wadhone
Kang sampun sami agenge # Tanpo ono ling alinge
Kang dudu mahrom dununge # Antara wadon lanange
Ping limo ndemek farjine # Utowo ndemek dubure
Menungso klawan bathine # Epek-epek lan drijine
 
Mujibatul Ghusli
Perkoro kang nyebabake # Wajib adus iku nenem
Sepisan iku janabat # Sebab metu mani ladzat
Ugo sebab tetemune # Lanangan lan wadonane
Loro manak ping telune # Ngedusono wong matine
Papat haidle lamun mampet # Lima nifas lamun mampet
Nem najise badan tetep # Ning mapane ora inget
 
Furudhul Ghusli
Rong werno ferdlune adus # Siji niat loro harus
Kabeh kulit rambut terus # Di siramo nganti kelebus
 
Babut Tayammumi
Lamun ngudzur nganggo banyu # Kamongko wis manjing waktu
Tayammumo kelawan lebu # Minongko gantine wudlu’
Yen ngudzure sebab tatu # Sak weneh nggoto wudlu’
Tayammumo yen wus wektu # Lan wudlu kang ora tatu
Tayammum limo fardlune # Ngaleh lebu lan niyate
Ngusap rahi lan ngusapi # Tangan loro lan tartibe
Syarat kang kasebut kudu # Di tetepi ugo kudu
Netepono rukun baku # Supoyo sah sholat iku
 
Arkanus Sholati
Telulas rukune sholat # Sepisan atine niat
Loro takbir, telu ngadek # Papat fatihane jejek
Limo ruku' thuma'ninah # Nem  i'tidal thuma'ninah
Pitu sujud thuma'ninah # Wolu lungguh thuma'ninah
Tahiyyat akhir songone # Lungguh akhir sedosone
Sewelas moco sholawat # Sakwuse moco tahiyyat
Rolas salam kang sepisan # Tertib rukun kang pungkasan
Jumlah limo rukun wacan # Wolu rukun penggaweyan
Ingkang aran thuma'ninah # Iku anteng tanpo obah
Kadar cukup subhanalloh # Tambah dowo tambah faedah
Sujudo ojo kesusu # Nucuk koyo pitik kelawu
Dene sahhe sujud iku # Wajib mawi nggoto pitu
Iyo batuk kang kabukak # Lan bathine epek-epek
Lan dengkul kang tan kabukak # Lan bathine deriji telapak
 
Batale Sholat
Dadi bathalake sholat # Kurange sak weneh syarat
Lan kurange rukun sholat # Ugo sebab moho ngucap
Obah polah nuli-nuli # Genep telu najan lali
Mangan najan mboten katah # Ugo guyu latah-latah
 
Piro-piro Sunnahe sholat
Mukul kang banget lan melumpat # Niat megotake sholat
Gantungake pegote sholat # Bingung ing pegote sholat
Nambahi rukun penggawe # Di sejo lan ngeri dewe
Saking imam rong penggawe # Lan disikke rong penggawe
Rong werno sunnahe sholat # Siji ab'adh loro hai'at
Dene wilangane sunnat # Ab'adh pitu ojo kelewat
Yo moco tahiyyat awal # Lungguhe tahiyyat awal
Sholawat nabi tan ketinggal # Sakwuse tahiyyat awal
Sholawat atas keluargane # Kanjeng nabi nalikane
Lungguh akhir sak ba'dane # Sholawat nabi urutane
Limo qunutipun sholat # Shubuh nenem moco sholawat
Salam ing nabi Muhammad # Serta keluarga shahabat
Sunnah hai'atipun sholat # Iyo iku sunnah ngangkat
Tangan loro teko welikat # Waktu takbir wiwit sholat
Ngangkat ugo wektu ruku' # Lan tangine saking ruku’
Waktu ngadek iyo budal # Saking tahiyyat kang awal
Dunga' iftitah sertane # Ta'awwudz ugo amine
Moco surat al Qur'ane # Tasbih ing ruku' papate
Nuli moco sami'alloh # Terusno liman hamidah
Tasbihipun sujud miwah # Robbighfirli waktu lenggah
Seru mocone fatihah # Lan Qur'an ing sholat jum'ah
Roka'at awal lan kaleh # Ing maghrib, 'isya', lan shubuh
Tumerap imam kang di anut # Lan ijen kang ora manut
Sakliyane kang kasebut # Sunnah moco lirih patut
Iftirosy ing kabeh lungguh # Kejobo naliko lungguh
Akhir mongko sunnah saguh # Tawarruk anggone lungguh
Moco takbir saben pindah # Saking saben rukun tingkah
Rahine madep sajadah # Sunnah lungguh istirohah
Moco sampurnane sholawat # Nuli dungo ba'da sholawat
Ing lungguh akhiri sholat # Salam kang kapindu tammat


NB : Mohon maaf apabila ada typo













Post a Comment for "LIRIK NADZOM FIQIH JAWA KH. NAWAWI ABDUL AZIZ"